Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan
Bapak Ibu Dewan Guru ingkang satuhu kula bekteni
Dumateng Ibu ........ lan Bapak ...... dados guru Bahasa Jawa
Sedaya Rencang-rencang kelas 9 ingkang tansah kula tresnani
Bapak Ibu Dewan Guru ingkang satuhu kula bekteni
Dumateng Ibu ........ lan Bapak ...... dados guru Bahasa Jawa
Sedaya Rencang-rencang kelas 9 ingkang tansah kula tresnani
Minangka
purwaking atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken puji syukur katur dumateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat serta hidayah
dumateng kita sedaya saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu
wilujeng ing sambikala dumugi sakmenika kita sedaya saget kempal wonten ing
adicara perpisahan sakmenika.
Kula,
wakil saking rencang-rencang kelas 9 ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak kaliyan Ibu guru ingkang sampun nggulawentah kula lan sak kanca-kanca dhateng pawiyatan
menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten
keraos kula lan rencang-rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula kiyambak tuhu
rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak kaliyan Ibu guru
amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan
sak rencang-rencang mbok bilih menawi gadhah kalepatan ingkang dipunsengaja
utawi mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak kaliyan Ibu guru kersa maringi
pangapunten sedaya kalepatan kula lan rencang-rencang kelas 9.
Satuhunipun
kula lan sak kanca awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya
ingkang wonten dhateng mriki sampun kados sederek lan kluargo. Naming amargi
kula lan rencang-rencang kedah ngelanjutaken ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan ingkang luwih inggil, kula lan rencang-rencang kedah saget ikhlas
nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun
sampun cekap sementen anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula
nyuwun agenging pangapunten. Saking kawigatosanipun Bapak kaliyan
Ibu guru kawula ngaturaken matur sembah nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
sekian..
semoga bermanfaat
0 komentar:
Posting Komentar