Kamis, 19 Februari 2015

contoh portofolio drama bahasa jawa

Diposting oleh icha hanifa f di 05.34


ATUR PANGIRING

Khanti ngucap syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT, penulis saged ngrampungake tugas punika, khanti mboten halangan satunggalipun.
Matur suwun sanget dhumateng Bapak Subiyantoro M.Pd, selaku bapak Kepala Sekolah, ugi Ibu Ramini selaku guru bahasa Jawa ingkang sampun membimbing penulis damel tugas drama bahasa Jawa punika. Ugi penulis ngucapaken matur suwun kaliyan rencang-rencang amargi  kerja sama ingkang becik punika.
Tugas punika mugi-mugi saget bermanfaat kalian sinten mawon ingkang maos .Tugas drama bahasa Jawa punika taksih kirang sempurna amargi wedal ingkang kasesa kalian kirang pangertosipun penulis. Pramila penyusun nyuwun pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos, wasono matur nuwun.
                                                                     
Cluring, 16 September 2014
                panyerat
     Icha Hanifa Firdhaus
                                                         








DAFTAR ISI

ATUR PANGIRING ..................................................................................
DAFTAR  ISI ..............................................................................................
NASKAH  DRAMA ...................................................................................

PARAGA  ........................................................................................................
NJELENTREHNE  ISINE DRAMA  ...............................................
DUDUTAN ....................................................................................................

PENUTUP .......................................................................................................
PANYARUWE ..............................................................................................












NASKAH DRAMA
BOCAH-BOCAH SEKOLAH
Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.

Sardi           : “Jon, ayo engko dolan !” ( Nggeplek pundake Jono)
Jono            : “Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.”
Sardi           : “Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?”
Jono            : “Dolan nyandi lho ?”
Sardi           : “Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...”
Jono            : “Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !”
Sardi           : “Hehehe, ora-ora.”
Jono            : “Gek nggawa duit opo ora ?”
Sardi           : “Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih.” ( Mlaku    ngadohi jono )
Jono            : “Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.”

          Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.

Parman         : “He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?”
Deni            : “Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...”
Parman         : “Opo jajal diparani neng omahe ?”
Deni            : “Omahe sopo ?”
Parman         : “Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane.”
Deni            : “Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...”
Parman         : “Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.”
Deni                      : “Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye?”
Parman         : “Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?”
Deni            : “Oke bos.....”
            Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.

Parman         :”Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.”
Deni            : “Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?”
Parman         : “Jajal kene aku.” (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni            : “Halah kemiso, jajal piye....”
Parman         : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni            : “Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...”
Parman         : “Sing penting lagu daerah lho...”
Deni            : “Ojo, diganti liyane ngono lho.”
Parman         : “Jajal kowe iso opo ora ?” (ngekekne gitar marang Deni)
Deni            : (Main gitar)
Parman         : “Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha!”
Deni            : “Hahaha, lha aku ora iso lho..”
Parman         : “Kene lek ngono aku ae.”
Deni            : (Ngekekne gitar) “Aku sing nyanyi yo ?”
Parman         : (Nyanyi karo Deni)
Deni            : “Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...”

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.

Jono                      : “Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake   dewe piye ?”
Deni lan Parman    : “Trus gue harus bilang wow gitu ?”
Sardi           : “Heladalah, iki tenanan lho...”
Parman         : “Lha kowe dhekingi nyandi ae ?”
Sardi           : “Nyapo aku sing kok takoni....”
Parman         : “Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...”
Sardi           : “Kapan lekmu omong ?” ( mulai nesu )
Parman         : “Ow, kowe wis pikun yo ?”
Pak Guru      : “He he, enek opo iki ?”
Deni            : “Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.”
Pak Guru      : “Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?”
Jono            : “Lha ancen ora diomongi to, Pak.”
Pak Guru      : “Iyo to le ? Ora kok omongi ?”
Deni            : “Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.”
Pak Guru      : “Lha kuwi kowe ora teko...”
Jono            : “Ora diomongi, Pak.”
Pak Guru      : “Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok.”

Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.

Parman         : “Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.”
Deni            : “Lho yo jelas lah, sopo disek...”
Parman         : “Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho.”
Sardi           : “Aku njaluk sepuro yo, Man.”
Parman         : “Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.”
Pak Guru    : “Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile.”
Sardi                     : “Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan  bapak.”
Jono            : “Kula nggih, Pak.”
Pak Guru      : “Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.”

Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.



























PARAGA
NO
PARAGA
WATAK
1.
SARDI
SENENG GAWE ULAH, NESUAN
2.
JONO
SENENG GAWE ULAH
3.
PARMAN
BECIK ATINE
4.
DENI
BECIK ATINE
5.
PAK GURU
SABAR, BIJAKSANA














NJELENTREHNE ISINE DRAMA
        Drama kang judule bocah-bocah sekolah kui nyeritakne tentang bocah bocah sekolah seng jenenge Sardi lan Jono sing seneng gawe ulah. Ing sawijineng dino, Sardi lan Jono arepe dolan bareng. Deweke ora kelingan lek dino iku enek tugas nggawe drama B. Jawa. Padahal kancane seng jenenge Parman lan Deni wes ngenteni Sardi lan Jono kanggo ngerjakne tugas B. Jawa. Amarga wes ngenteni suwi Sardi lan Jono, akhire Parman lan Deni mutusne Deni eng nggawe naskah dramane lan Parman marani Sardi lan Jono neng omahe, tapi Sardi lan Jono ora enek ning omahe, akhire Deni mutusne kerja kelompoke diterusne ndek sekolahan wae.
          Sesuke, Deni lan Parman nggae music dramane bareng. Moro-moro sardi lan Jono teko lan ora ngerumangsani deweke salah. Akhire wong papat kui engkel-engkelan. Pak guru ngerti nek Sardi, Jono, Parman, lan Deni engkel-engkelan. Ngerti ngunu, Pak guru nasehati Sardi lan Jono supaya nyadari kesalahane. Akhire Sardi lan Jono nyadari kesalahane lan arek papat kuwi iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng. Saiki Sardi lan Jono mulai ngerubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kang muasne.










DUDUTAN
        Drama kui ngajaraken kita Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kang muasne, lewat contoh Sardi lan Jono seng maune seneng gawe ulah lan kerana gotong royong deweke iso ngerubah sikape. Kita uga kenek njokok contoh seng apik yaiku Parman lan Deni sing becik atine lan rajin. Pak guru uga kenek digawe contoh yaiku lewat sikap sabare lan becik atine.














PENUTUP
          Cekap sementen mawon, drama ingkang saget kulo tulisaken. Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, kulo saged ngrampungaken tugas punika yaiku nggawe naskah drama, khanti mboten wonten pambengsa tunggal punapa. Lan matur nuwun sanget dumateng bapak ibu/guru ingkang sampun mbimbing kulo anggenipun ndamel drama Basa Jawa yaiku Bu Ramini selaku guru B. Jawa kulo. Lewat naskah drama B. Jawa iki kita diajari gotong royong lan kerja keras. Ingkang kurang langkungipun kulo nyuwun pangapuro, amargi drama B. Jawa niki tasek tebih kaliyan kata sempurna. Kulo harap naskah drama B. Jawa niki saget bermanfaat kaliyan pemaose.













PANYARUWE
          Menawi wonten kirang langkungipun naskah drama niki, kulo nyuwun bimbingan kaliyan bu Ramini selakunipun guru B. Jawa lewat kritik lan saran. Lan kula nyuwun supados rencang-rencang kaleh pemaos maringi kritik & saran teng naskah drama niki.
NO
ASMA
PANYARUWE
1


2


3


4


5


6








0 komentar:

Posting Komentar

 

~icha hanifa f~ Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea